-->

MC Pembawa Acara Bahasa Jawa Akad Nikah

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Ing dalem kesempatan ingkang bahagiya niki, mongga kulo lan panjenengan sedoyo raos syukur dumateng Allah, amergi wakdal siang niki kito dipun paringi nikmat rupi kesehatan, sehinggo saat niki saget ndugeni undanganipun bapak..... seke luarga ing dalem acara akad nikah putrinipun ingkang asmanipun ...... ingkang angsal jodoh jaler asmanipun sederek...........

Kaping kalehipun mugio keselamatan lan kesejahteraan tetep dipun curahaken dumateng nabi kito Muhammad saw., keluarga nipun, poro sahabatipun lan sedoyo pengikutipun. Undangan sedoyo ingkang kulo hormati.

Kito dipun kempalaken dumateng bapak ..... sekeluarga wonten meriki panggenan inggih meniko; ingkang nomer setunggal supados kito nyumerepi lan nyakseni mbok beleh akad nikah utama perkawinanipun putrinipun ingkang asmo Hartini kale sederek..... lan ingkang nomer kalih inggih meniko kito dipun suwun supados ndongakaken dumateng pengaten kekalih ing kang bade ngelangsungaken akad nikah utawi perkawinanipun, ugi ing dalem gesangipun ing rumah tangganipun, mugio angsal bimbingan lan petunjuk ugikesabaran ing dalem menghadapi pinten-pinten cobaan lan ujian.

Ingkang kulo hormati bapak Naib lan poro undangan. Sakde rengipun kito ing dalem acara selajengipun inggih meniko, monggo kita awali acara niki kelawan waosan suratul Fatihah, supados kito sedoyo angsal barokah kelawan waosan surat Al Fatihah. Ilaa Hadlrotin Nabiyyil Musthofaa Al Faatihah........

Kulo sampeaken matur suwun kelawan waosanipun, mugi-mugi nopo ingkang dados hajat kito sedoyo dikabulaken Allah swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin.

Selajengipun inggih meniko, waosan ayat-ayat suci Al Qur'an, wakdal niki bade dipun sampekaken dumateng sederek...... dumateng kiyambakipun kulo sumanggakaken.

WAOSAN AYAT-AYAT SUCI AL QUR'AN

Mekaten kolo wahu waosan ayat-ayat suci Al Qur'an, ingkang dipun waos sederek....... mugi-mugi nopo ingkang sampun dipun waos kolo wahu saget nambahi keimanan kito dumateng Allah swt., khususipun shahibul hajat.

Sakderengipun akad nikah dipun milahi, monggo kito pirenga ken khuthbah Nikah, wakdal niki bade dipun sampeaken dening Al Mukarom bapak ...... dumateng panjenenganipun wakdal di pun sumanggakaken.....

KHUTHBAH NIKAH

Acara ingkang kaping tigo inggih meniko ngerupekaken acara inti, inggih meniko pelaksanaan akad nikah, dinten niki bade dipun pimpin bapak Naib, panjenenganipun selaku ingkang berwenang saking penganten putri. Dumateng bapak Naib, wakdal dipun sumanggakaken.

PELAKSANAAN AKAD NIKAH

Sedoyo undangan ingkang kulo hormati. Nembeh mawon kito nyaksikaken sareng-sareng pelaksanaan akad Nikah antawisipun sederek Hartini kelawan Aziz, ingkang dipun dipimpin dening bapak Naib. Mugio akad nikah kolo wahu dipun lampahi kaping setunggal niki mawon selami gesangipun.

Sedoyo undangan ingkang kulo hormati. Selajengipun acara ingkang kaping sekawan niki ngerupekaken acara paling akhir kiyambak, inggih meniko waosan do'a, wakdal niki bade dipun sampekaken dening bapak... dumateng panje nenganipun dipun sumanggakaken.

WAOSAN DO'A

Matur suwun, kulo sampekaken dumateng Al Mukarom bapak K.H......., ingkang sampun maosaken do'a saat niki, mugi-mugi nopo ingkang sampun dipun waos kolo wahu dikabulaken dening Allah swt.

Selajengipun ngerupekaken penutup. Sak derengipun acara niki kulo tutup. Kulo selaku ingkang mbetoh acara ing wakdal niki, mbok beleh wonten ucapan-ucapan ing dalem maosaken acara dinten niki katah kelepatanipun, kula atas nami pribadi nyuwun agunge pangapunten dumateng poro undangan.

Ingkang akhir, perlu kito perhatosaken, mbok beleh poro hadirin saksampunipun acara niki kulo tutup supados undangan sedoyo istirahat sekedap, keranten wonten kepentingan.

Poro sedoyo ingkang kulo hormati. Akhiripun, monggo kito tutup acara niki kelawan waosan hamdalah; ..... Al Hamdulillaahi Rabbil 'Aalamiin. Wabillahit Taufik Wal hidayah. Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

sumber : Pedoman Praktis MC & Pidato (Ust. Khoirur Rohim)

0 Response to "MC Pembawa Acara Bahasa Jawa Akad Nikah"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel